Tiket Suargo - Mustofa Abi Hamid's Blog

Update

Tuesday, January 4, 2011

Tiket Suargo


Mangertenono menowo sejatine alam dunyo ngono
Minongko nerakane wong-wong mukmin,
Suargane wong-wong kang podo kafir.

Suargo tansah mengo lawange
Dicawis’ake kanggo sopo wae,
Seng kuat imane, lan amale,
Rikolo urip ono dunyane.

Tiket suargo regane murah,
Nanging anehe akeh seng wegah,
Tumindak becik angel lakone,
Akeh godane, lan rintangane,
Yen kuat imane, slamet uripe.

Tiket neroko regane larang,
Nanging seng seneng kok pirang-pirang,
Tumindak doso pancene gampang,
Ojo turuti godane setan,
Seng ngajak marang kasengsaran.

Cipt. KH. Ma’ruf Islamuddin
(Pengasuh Pondok Pesantren Wali Songo Sragen Jawa Tengah)

No comments:

Post a Comment

Post Top Ad